- 1. Allah wujud : mesti ana, Allah muhal yen ora ana.
- 2. Qidam : di’in, Allah muhal yen kedi’inan Adam.
- 3. Baqo’ : langgeng, Allah muhal yen kenaha rusak.
- 4. Mukholafatu lilhawaditsi : perbeda Allah kelawan kang anyar, muhal yen podho ho Allah kelawan kang anyar.
- 5. Qiyamuhu binafsihi : jumeneng Allah kelawan dewe, muhal yen jumeneng Allah kelawan liyane.
- 6. Wahdaaniyah : suwiji, Allah muhal yen loro tetelu.
- 7. Qudroh : kuwoso, Allah muhal yen apeso.
- 8. Irodah : kerso, Allah muhal yen ora kerso.
- 9. ‘ilmu : nguwikani, Allah muhal yen bodoha.
10. Hayat : urip, Allah muhal yen matiha.
11. Sama’ : miharsa, Allah muhal yen tuliha.
12. Bashor : meriksani, Allah muhal yen wutaha.
13. Kalam : ngendika, Allah muhal yen bisuha.
14. Qodiron : kang kuwasa, Allah muhal ingkang apes.
15. Muridan : kang kerso, Allah muhal yen ingkang ora kerso.
16. ‘aliman : kang ngawikani, Allah muhal yen ingkang bodo.
17. Hayan : kang urip, Allah muhal ingkang mati.
18. Sami’an : kang miharso, Allah muhal ingkang tuli.
19. Bashiron : kang meriksani, Allah muhal ingkang wuta.
20. Mutakaliman : kang ngendika, Allah muhal ingkang bisu.
Utawi wong ‘akil baliq iku wajib ngaweruhana
Ing sifat ingkang wajib keduwe Allah kalih dasa
Lan sifat ingkang muhal keduwe allah kalih dasa
Lan sifat ingkang wenang keduwe Allah iku kabeh
Utawi manjinge sifat kalih dasa iku manjing dadi sifat papat
Ing dingin manjing sifat-sifat nafsiyah
Kaping pindo manjing dadi sifat salbiyah
Kaping telu manjing sifat ma’ani
Kaping papat manjing sifat ma’nawiyah
Utawi sifat papat iku manjing dadi sifat loro
Ingkang dingin manjing dadi sifat istighna
Kaping pindone manjing sifat iftiqor
Utawi sifat loro iku manjing dadi sifat siji
Iya ana isim dzat
Tegese isim dzat iku lafazh Allah
Nafsiyah : suwiji : wujud
Salbiyah : iku lima : qidam, baqo’, Mukholafatu lilhawaditsi, Qiyamuhu binafsihi, Wahdaaniyah.
Utawi dundumane ma’ani iku pitu : Qudroh, Irodah, ‘ilmu, Hayat, Sama’, Bashor, Kalam
Utawi dundumane ma’nawiyah iku pitu: Qodiron, Muridan, ‘aliman, Hayan, Sami’an, Bashiron, Mutakaliman
Utawi sifat rongpuluh ingkang manjing istighna iya iku sifat sewelas iya:
Wujud, qidam, baqo’, Mukholafatu lilhawaditsi, Qiyamuhu binafsihi, Sama’, Bashor, Kalam, Sami’an, Bashiron, Mutakaliman.
Utawi sifat rongpuluh ingkang manjing iftiqor iya iku sifat songo:
Qudroh, Irodah, ‘ilmu, Hayat, Qodiron, Muridan, ‘aliman, Hayan, Wahdaaniyah.
Utawi jaize istghna iya iku siji
Dingin agawe Allah alam kabeh wenang
Lan tinggal agawe Allah alam kabeh wenang
Lan wajib ngaweruhana wong ‘aqil baligh sedoyo
Ing wajibe poro rosul iku papat iya:
Shidiq, amanah, tabligh, fathonah
Tegese shidiq iku ambener wertane rosul
Tegese amanah iku apercoyo maring Allah
Tegese tabligh iku nekaaken perintahe Allah
Perintah ingkang wajib – ingkang sunnah – ingkang haq – ingkang halal – ingkang harom – kelawan sepadane mengkono iku kabeh
Tegese fathonah iku landep akale rosul
Lan wajib ngaweruhana wong ‘aqil baligh sedoyo
Ing muhale poro rosul iku papat iya:
Kidzib, hiyanah, kitman baladah
Tegese kidzib iku anggoroh wertane rosul
Tegese hiyanah iku aiderone maring Allah
Tegese kitman iku angumpet perintahe Allah
Tegese baladah iku babal ‘aqole rosul
Lan wajib ngaweruhana wong ‘aqil baligh sedoyo
Ing wenange poro rosul iku kabeh: katekanan: ‘aridhil basyariyah
Kang ora anyuda aken ing derajate poro rosul – kaya – loro: ngelu: mules: mangan: nginum: turu: luwe: lali: lagi rabi: lan sepadane mangkono iku kabeh
Lan wajib ngaweruhana wong ‘aqil baligh sedoyo
Ana dene 2x perkarane awak kula inggih puniko
Dipun maujud aken dining sifat: Qudrote Allah
Lan dipun pesthi dining sifat: irodate Allah
Lan dipun buka dining sifat: ‘ilmune Allah
Lan miharso dining sifat: sama’e Allah
Lan ketingalan dining sifat: bashore Allah
Ana dene 2x sifat limo inggih puniko
Sineratan dining sifat hayate Allah
Suwiji Allah iku merta aken 2x ing tekane iya pati: ana 2x larane, ana 2x penake
Kaping pindo Allah merta aken 2x ing wujude ‘alam kubur: ana 2x larane, ana 2x penake
Kaping telu Allah merta aken 2x ing anane pitakonan: ana 2x salahe, ana 2x benere
Kaping pate Allah merta aken 2x ing nampane tulisan ‘amal: ana 2x susahe, ana 2x bungahe
Kaping limo Allah merta aken 2x ing anane yateraju: ana 2x apese, ana 2x bejane
Kaping neme Allah merta aken 2x ing ngambahi oro-oro mahsyar: ana 2x larane, ana 2x penake
Kaping pitu Allah merta aken 2x ing ngambahi wot sirotol: ana 2x larane, ana 2x penake
Kaping wolu Allah merta aken 2x ing anane gunung a’rob: ana 2x susahe, ana 2x bungahe
Kaping sanga Allah merta aken 2x ing anane ya neraka: ana 2x larane, ana 2x bala’e
Kaping sepuluh Allah merta aken 2x ing ing wujude surga: ana 2x penake, ana 2x nikmate. Nikmate nikmat-nikmat belaka
Kaping sewelas Allah merta aken 2x ing ru’yate poro mukmin: ana 2x muktine, ana 2x nikmate. Nikmate nikmat-nikmat belaka
Ya ngonoho Allah kanthi sukma 2x, sukma sejati raga ilang 2x
Anane tanpa wanginan 2x, anane tanpa dudohan 2x
Ingkang gunjing Allah iman ingsun 2x
Sebutan segoro adoh wangenan
Sebutan segoro adoh pinggiran
Dayungana Allah layarono 2x, daratan sampun pertelo,
lautan sampun waspada
Tiang ipun Allah perahu kito 2x, sholat sejati tanpo wudhu,
sholat daim tanpa waktu
Katiripun Allah perahu kito 2x, sholat syariat waktu limo
Sholat syariat lakonono
Canthiipun Allah perahu kito 2x, sedulur papat lima pancer 2x
Jangkaripun Allah perahu kito 2x, jangkar syahadat lan sholawat 2x
Pandumipun Allah perahu kito, wasilah guru lakonono
Pitutur guru kang sampurno
Talinipun Allah perahu kito 2x, iya iku sifat rongpuluh 2x
Mirang-miring Allah perahu kito 2x, miring sepisan perahu kurang momotan
Momotane Allah perahu kito 2x, momotane puji kelawan dzikir 2x
Laailaaha illallah 2x muhammadurrosulullah 2x
Sampun madep maring Allah, sampun suminde ing dzatullah, sampun kunjung jeng rosullullah SAW.